Senin, 01 Oktober 2012

Manawa Lali Password Login Windows 7 Piye jal? Install ulang?!

Para kadang ing sangkan paran ngendi wae. Manawa wis tau ngalami lali password login windows, sanajan ta durung pikun, rasah bingung. Ing ngisor iki bakal tak jlentrehke cara gampang ganti password windows 7 manawa kelalen.

Cara Gampang Reset Password Windows 7 manawa Kelalen:

  • Siapna CD Windows 7 utawa Usb Flashdisk Instalasi Windows 7 banjur Booting liwat CD/Flasdisk kasebut.
  • Sawise metu jendela instalasi windows 7, klik/ pilihen Repair your computer ing sisih ngisor

  • Manawa wis metu jendela kaya ing ngisor iki
  • Klik Command Prompt
  • Manawa wis metu jendela Command Prompt ketiken perintah "copy c:\windows\system32\sethc.exe c:\" tanpa tanda petik ("), kanggo mback-up file "sethc.exe" banjur pijet enter. Sawise iku file "sethc.exe" kang manggon ana ing direktori system32 mau di overwrite karo file "cmd.exe", carane ketiken perintah ing jendela Command Prompt "copy c:\windows\system32\cmd.exe c:\windows\system32\sethc.exe" tanpa tanda petik (") banjur pijet enter, lan restarten komputer/laptopmu.
  • Manawa wis tekan login screen, pijet tombol shift ping 5. Yen ora ana masalah kudune metu jendela Command Prompt.
  • Saiki wayahe ngreset username lan password windows 7 mu. Ketiken perintah ing jendela Command Prompt "net user NamiKula PasswordEnggalKula" tanpa tanda petik (") banjur pijet enter. Oya, aja lali gantinen parameter "NamiKula" lan "PasswordEnggalKula" nganggo Username lan Passwordmu sing anyar.
  • Ing wasana sampun cekap atur kula, mugi kasembatan anggenipun sampeyan ngreset password lan username ingkang enggal.. Amiin.